Drop Down MenusCSS Drop Down MenuPure CSS Dropdown Menu
pasang iklan

sesuci

Cinarita saking sahabat Abu Hurairah ra , ngendika :”  Rasulullah saw. Dhawuh hale  banyu segara.  Dheweke ( banyu segara )  iku  suci nyucekake banyune lan halal bathange ( iwak segara ). nyaritake hadits iki ulama hadits kang papat ( arba’at *1) lan imam ibnu syaibah lan lafadl hadist iki shahih miturut   ibnu khuzaimah lan                                                                              
Imam Tirmidzi , Imam  Malik, Imam syafi’I lan Imam Ahmad .

KATERANGAN HAL BANYU KANGGO SESUCI
1.       Thaharah  :  tembung thaharah padha maknane kelawan tembung  “ Nadlafah “ kang maksude  resik utawa suci. Ing kalangane ahli fiqih akeh pendapat bab thaharah, antarane : “ Thaharah yaiku suwijining perkara kang ndadekake  saweneh wong  diparengake ngalkoni shalat . kayata Wudlu, Tayamum lan ngilangake najis  ( kitab fathul Qarib )
2.      Suci iku dadi syarat sahe ibadah shalat, lan uga ibadah  liyane. Dene Umume pengertosan suci iku kalebu pertingkah lahir lab batine. Suci lahir yaiku ora ana najis lan khadas dene suci batin yaiku ikhlase niyat amung krana Allah ta’ala, ora ana syirik marang Penjenengane.
3.      Banyu iku alat kanggo sesuci, mula penting banget mangertosi ing bab hale banyu. Banyu kanggo sesuci iku ana 7 :
a.      Banyu Udan                e.  Banyu sumber ( mata air / belik )
b.     Banyu segara               f. Banyu kali
c.     Banyu sumur               g. Banyu Es
d.     Banyu Embun
4.      Parandene umume banyu digolongake rong perangan, yaiku banyu kang saka langit lan banyu saka bumi  ( Fathul qarib )
5.      Kapitu jenis banyu mau suci lan kena kanggo sesuci mula diarani banyu kang  “ MUTLAQ “ , sauger ora ana Qayyid kang njalari owah ing wernane, ambune  rasane  lan kahanane banyu.
6.      Ananging banyu suci mau bisa makruh kanggo sesuci, Kalamun owah sifate,  kayadene dadi banget panase utawa adheme, iku miturut Imam Nawawi. Dene banyu kang kena panase srengenge ing wadah kang dudu emas lan perak iku mekruh kanggo sesuci, kejaba yen wis bali adhem mangka diparengake kanggo sesuci.
7.      Dene banyu suci ning ora bisa kanggo sesuci ( mustakmal ) yaiku banyu tilas kang wus dianggo sesuci
8.      Dene banyu kang diira-kira utawa  kawistara jelas wus kecampur barang suci liyane mangka banyu iku ya klebu banyu mustakmal. Kejaba banyu kang nyampur mau, ora nyawiji karo sifate banyu, Contone. Banyu kang nyampur karo lenga, lumpur, ganggang lll.
9.      Banyu kang jelas kawitara utawa kinira wus kena ing  najis iku wis ora suci lan ora kena kanggo sesuci kalamun sithik, yaiku kurang saka 2 kolah.  Dene yen najise mau najis ma’fu ( dimaafkan ) sauger ora owah sifat lan volumene banyu mangka tetep banyu mutlak. Contone : banyu kang kecemplungan kewan kang ora mili getihe. Ukurane banyu kang akeh ( luwih rong kolah ) iku,  luwih saka 500 kati Bagdad ± 10 blek minyak tanah. Utawa ukurane kolah  ambane 60 cm 3
Cathetan : *1   Ahli hadits papat yaiku Imam Abu dhawud, Imam thirmidzi, Imam Nasa’I lan Imam Ibnu Majah

-