Drop Down MenusCSS Drop Down MenuPure CSS Dropdown Menu
pasang iklan

wirid kapindo



Cahya Manther Madhangi Jagad
               

                Jagade menungsa iku kayadene langit kang terkadhang peteng kayuban mendhung, terkadhang padhang biru nengsemake. Ananging petenging ati menungsa iku luwih nggegirisi. Mula Nur utawa cahya dadi kawigaten kang mirunggan tumrap wong kang ngulati laku spiritual. Iki kanggo nggampangake pemahaman ing pengenalan hakekate Gusti Allah dhewe. Kaya kapacak ing ayat : Allah iku pengayomane wong-wong kang iman ; Penjenengane ngluwari dheweke ( wong iman ) saka pepeteng    marang  cahya. (QS.2:257).

wirid kapisan



Sapa sira sapa ingsun

                Sedulur, sejatine menungsa iku dudu mung wadag. Blegere jasad kang bisa sinawang bagus lan ayune iku dudu hakikat sing nyata, krana jasad kang wus koncatan sukmo iku dudu menungsa. Yaiku , mayit. Kosok baline, nek sukmo kelangan jasad apa arane ? Mula yen si Fulan wis oleh gelar   al-marhum , dheweke ora bisa diarani menungsa, senajan sejatine ana-ne si Fulan mau isih tetep manjing ing pangangen-angene sanak sedulur lan kumathil ing sejarahe keluarga. Artine anane si Fulan iku tetep ana. Ning, ana ngendi?
                Kaya dene wiji winih-winihan, yen penjenengan sebar tanpa kulite mula ora bakal bisa tuwuh, ananging senajan tho , penjenengan sebar winih ing lemah kang subur kelawan kulite pisan, sapa sing njamin bakal tuwuh kanthi mrajak ? Semono uga kahanane menungsa, bakal sampurna sinebut menungsa lamun bisa kasawang ora mung krana ayu lan ngganthenge wadag, nanging ana makna sing jejeg ing dalem hakekate, mula si Fulan lagi bisa diarani menungsa.

MENGENAL ALLAH DALAM DIRI SENDIRI

Barang siapa mengenal dirinya niscaya kenalah dia akan Tuhanya
          Hidup manusia dan kehidupanya bukanlah serta merta tanpa adanya asal usul dan arah tujuan. Apabila orang Jawa mengatakan kearifan kalimat " sangkan paraning dumadi " , tentulah hakekat kemanusiaan menjadi titian utama dalam menapaki perjalanan spiritualnya. Orang - orang yang menapaki jalan sabilillah dalam mencari tuhanya sering disebut salik atau orang yang menempuh suluk.
          Rasulullah memberikan arah jalan dalam memulai pencarian itu, bahwa siapa yang mengenal dirinya sendiri maka niscaya ia akan mengenal Tuhanya.  Indikasi dari mana kita  berangkat dalam mencari Tuhan, dapat dimulai dari diri sendiri , sebagai titik awal pencarian karena sebenarnya Roh kita  lebih dahulu telah mengenal Allah . sebagaimana disebutkan dalam al-Qur'an :
Dan (ingatlah), ketika Tuhanmu mengeluarkan keturunan anak-anak Adam dari sulbi mereka dan Allah mengambil kesaksian terhadap jiwa mereka (seraya berfirman): “Bukankah Aku ini Tuhanmu?” Mereka menjawab: “Betul (Engkau Tuhan kami), kami menjadi saksi”. (Kami lakukan yang demikian itu) agar di hari kiamat kamu tidak mengatakan: “Sesungguhnya kami (bani Adam) adalah orang-orang yang lengah terhadap ini (keesaan Tuhan)” (QS. Al-A’raf : 172)

-