Drop Down MenusCSS Drop Down MenuPure CSS Dropdown Menu
pasang iklan

wirid kapisan



Sapa sira sapa ingsun

                Sedulur, sejatine menungsa iku dudu mung wadag. Blegere jasad kang bisa sinawang bagus lan ayune iku dudu hakikat sing nyata, krana jasad kang wus koncatan sukmo iku dudu menungsa. Yaiku , mayit. Kosok baline, nek sukmo kelangan jasad apa arane ? Mula yen si Fulan wis oleh gelar   al-marhum , dheweke ora bisa diarani menungsa, senajan sejatine ana-ne si Fulan mau isih tetep manjing ing pangangen-angene sanak sedulur lan kumathil ing sejarahe keluarga. Artine anane si Fulan iku tetep ana. Ning, ana ngendi?
                Kaya dene wiji winih-winihan, yen penjenengan sebar tanpa kulite mula ora bakal bisa tuwuh, ananging senajan tho , penjenengan sebar winih ing lemah kang subur kelawan kulite pisan, sapa sing njamin bakal tuwuh kanthi mrajak ? Semono uga kahanane menungsa, bakal sampurna sinebut menungsa lamun bisa kasawang ora mung krana ayu lan ngganthenge wadag, nanging ana makna sing jejeg ing dalem hakekate, mula si Fulan lagi bisa diarani menungsa.
                Ya, anane makna tinamtu iku kang nuduhake bedane menungsa karo kewan. Senajan minangka maklhuk paling sempurna, (QS 95:4-5), terkadang menungsa iku luwih ina tinimbang kewan. yaiku lamun  kelangan makna mau. Mula, tumrap wong kang wus pana ( ‘arifin ) dheweke bakal ngawekani diri ora mung kaya wong mlaku ing awang- uwung, anggaut pakaryan tanpa makna. Nanging tansah ana kang digayuh lan direngkuh ing dalem owah osiking diri. Urip iku ora cukup winates urusan ing mangan, kasmaran, lan kerah rebut kuwasa seneng-seneng kelawan perangkat dhohire. Krana pertingkah ngono iku ora beda kaya derajate kewan alasan.
                Mula dulur, nyatane akeh menungsa kang  durung pana karo lelakone dhewe. Kepara durung  tepung sapa dirine dhewe.  Kenengapa dheweke ana lan kanggo apa ana-ne dheweke. Mula prayoga padha takon marang awake dhewe-dhewe  sapa sejatine ingsun. Mungguh apa wae jawabane iku bakal banget pengaruhe tumrap panyawang penjenengan ngenani urip iki. Mula becik mratitisake panyawang, aja nganti kliru , parandene Allah wus ndadekake menungsa kelawan wujud kang sak apik-apike, nanging manungsa kang kurang prayitno bisa kejegur ing derajad kang paling asor lan ina.( QS 95: 5 )
                Lumrahe derajad menungsa iku ora bakal bisa kasandang, kejaba dening wong kang pana ing kamanungsane. Kaya dene wong tani lamun ngulati  wiji kedhele, bisa nyawang yen wiji iku satuhune laku wiwitan ( awalun ). Kamongko saben-saben wiwitan iku mesthi ana pungkasane ( akhiran). Mula para among tani njur pana kepriye  nggulowenthah   tetanen murih mikoleh  pungkasan kang maremake ati. Yaiku panen kang akeh asile.  Beda karo panyawange wong awam, dheweke mung kepencut kepiye murih kedele mau dadi camilan kang nyengsemake ilat. Mula ana bedane  tumrap wong kang ngerti lan wong kang ora ngerti. (QS.4:95 ,5:100, 13:16 , 35: 19-22, 39:9, 40:58, 38:28 , 47:14). Wong kang  pana ( ‘arifin ) wis ngerti lamun menungsa  uga nglakoni ing tataran awwalun lan bakal teko ing pungkasan akhiran. Mula para ‘arifin ora kepencut ing laku wadag blaka, ananging gaut nggulawenthah uripe murih mikoleh pungkasan kang maremake. Ora mung dhahire kang diupakara ning ati kang sinamudana uga perlu dirumat sak apik-apike.
                Wong kang ngupadi dununge pungkasan kang maremake mau kudu lelaku kelawan wiwitan kang maremake uga. Kaya dene para among tani kang wus pana yen pengin mikoleh panen kang becik, kudu nandur wiji kang becik uga.  Para salik, yaiku wong kang nempuh dalan spiritual ( suluk )  kang ngupadi rasa marem mau, njangkah sak timah lan ngucap sak klimah kathi miwiti resiking ati tumuju cahya mather ing panyawange. Ya, cahya iku kang dadi ancer-ancer dununge pungkasan kang maremake. Para salik sumringah jangkahe Lan  ngetut cahya mather kang den turunake marang dheweke. مَعَهُۥٓ أُنزِلَ ٱلَّذِىٓ ٱلنُّورَ وَٱتَّبَعُوا۟  (QS.2:257, 4:174,  5:16, 6:122, 7:157, 24:35, 33:46, 42:52, 57:9,57:28 , 64:8, 66:8, ) kayadene mercusuar ing samudra kang mandhu kapal-kapal sing padha lelayaran.
                Ati kang resik iku wiwitan kang becik, krana cahya manther iku ora bakal bisa disawang yen kaling-kalingan reget. Kaya dene kaca pengilon ora bakal bisa nimbulake gambar kang becik kalamun kebak letheg. Kamangka kualitas gambar ayang-ayang ing kaca pengilon iku mujudake informasi penting tumrap wong kang mbutuhake. Yen ayang-ayang sing ditimbulake iku mau beda karo wujud asli sing dipantulake , mula bisa njlomprongake panyawang. Temah ndadekake informasi sing kliru.
                Ora beda karo kahanane diri kita iki, panyawange ati kerep ketutup ing reget, satemah kliru pikire. Malah kaya-kaya atine dhewe ora bisa ditepungi maneh. Rereget  kang dadi hijab utawa tutup iku banget alane, mula para salik  pada temenanan olehe mbudidaya nyingkirake hijab mau. Ya, asil sumingkire hijab iku, arupa panyawang ati ( bashirah ) kang padhang, hingga jelas bisa diulati endi perkara sing haq lan bathil, endi urusan sing becik lan sing lacut. Endi lelakon kang nyata lan samudana (QS. 2:7, 2:88, , 4:155, 18:100-101, ) Dene pungkasane laku suluk yaiku wong kang wus mikoleh drajad ma’rifat utawa pana kaweruhe.
                Pana ing kaweruh tegese  ora mung nyipati kelawan paningal apa iku sejatine cahya, ning bener-bener cahyo iku bisa madhangi atine, rumesep ing saben-saben keteg jantung lan tiupan nafase, kepara sumilak byar pira-pira hijab kang sinandi atarane dheweke kelawan Gustine. Mula iba mulyane priyayi kang wus bisa teko ing tataran iki. Menungsa piniji kang wus karidlan dening Gustine. Saking sahabat Abu Hurairah ra. kanjeng nabi Muhammad saw  dhawuh ing hadits Qudsi,    :” .... kalamun Ingsun wus nresnani dheweke mangka Ingsun minangka pangrungone sing dianggo ngrungo-ake, dadi panyawange sing dianggo nyawang, lan dadi tangane sing dianggo nggaut, lan dadi sikile sing dianggo mlaku. Lan lamun nyuwun marang Ingsun methi Ingsun udaneni, lan lamun nyuwun pengayoman marang Ingsun mesthi Ingsun bakal ngayomi “ ( HR Bukhari ) . Miturut dhawuh iku kaya-kaya ing atine wong iku wus kabukak  apa sing diarani hijab antarane dheweke lan Gustine.
                Anane hijab ing atine menungsa iku bisa ngalang-alangi kenale diri marang atine dhewe, dene  ketutupe hijab marang Gustine bakal anjalari angel ngaweruhi sapa Gustine. Senajan hijab marang Gusti iku tetep ana lestari,  ora bakal bisa sumilak klawan sampurna, ya merga   dununge  sifat tan-sampurnane makhluk. Ning, ora ateges Gusti Kang Sampurna ora nate nepungake diri marang menungsa. Saka walike hijab mau kawedar kalimah-kalimpah kasampurnan saka sifat, dzat lan panguasaNe Gusti. Mulo wis sakmesthine menungsa tepung sapa dirine lan sapa Gustine , supaya bisa lungguh kelawan sakmesthine.
                Klirune panyawang, tuhu ndadekake menungsa luput papan lan empane. Lupute laku kang ngenggoni palungguhan kang dudu sakmesthine, iku nuduhake asore budi. Semono uga ing dalem laku suluk, gesehe nyawang papan lan empan iku mujudake kaluputan kang gedhe walate. Kaya kang wus dilakoni kharun (QS. 28:76-80) dheweke luput olehe nyawang bandha donya, satemah lali purwa duksinane. Apadene penduduk negeri Sodom kang keliwat-liwat olehe mlengos marang tuntunan lan nuruti hardane nafsu ( QS. 29:31-34 ) wusana den ajur sumyurake dening Allah.
                Kang aran subasita, tumrap wong jawa pada karo wit lan godhonge. Mokal dadine woh   kalamun ora kerumat ledhung-ledhunge kelawan rabuk kang subur. Mula lumrahe, menungso ngendi wae uga tetep memetri adab subasita anut budaya kang lumaku ( QS. 49:13 ). Dene subasitane menungsa marang Gusti iku kasawang saka tharik-tharike tatanan. Endi perkara kang wajib ditetepi lan apa hak kang wenang kasandhang. Tumpangsuhe panyawang njalari menungsa nyahak sandhangan kang dudu anggone. Wong kang ora nduwe subasita ngono iku banget kuceme ing bebrayan agung. Mula kepriye penjenengan bakal mikoleh ridlane Gusti, yen laku budimu wis ora nyengsemake Gustimu?
                Mulo becik menungsa gelem tepung marang jiwane. Murihe ora tumpang suh olehe mapanake diri. (QS. 22:74, 49:13 ) Parandene hukume kenal karo Gustin iku wajib. krana sapa sing kenal Allah ing dalem bungahe mangka Allah bakal ngenali dheweke ing dalem rekasane lan nalika nduweni hajat marang penjenengaNe. Tembung iki ora ateges Gusti Allah lirwa, ora kenal marang kawulane, krana  mokal  lamun Gusti luput panalitine. Ning suwalike menungsane dhewe kang asring lirwa, senajan Gusti iku luwih cedhak tinimbang urat nadine   (QS 2:186, 50:16, 34:50),
                Mula para ‘arifin kang wis kena diarani  kenal  marang Gustine tansah ningkatake dzikir supaya uwal saka kalirwan. Mesthi wae pangertosan kenal iku ora kaya kenale pak suto marang pak Naya, ananging luwih ing rumasuking paseksen ngenani haqul yaqin  ing pasifatan, panguwasan,  dzat lan kaifiah kedadean saka Gustine.  Dadi maknane kenal ing Gusti iku mung asifat relatifitas, dudu hakiki. Krana ora bakal ana menungsa kang bisa buntas kaweruhe njangkung kasampurnane Gusti.(QS. 17:37, 55:33,)
Kaya dene nabi Musa ing Gunung Thur, nalika penjengane penasaran karo wajah Gustine. Nabi Musa banjur munajah nyuwun keparenga Gustine ngatonake wujude, Allah dhawuh :” ... Siro ora bakal sanggup nyawang Ingsun, ning sawangen Gunung iku, yen dheweke isih tetep ing panggone, mangka siro bakal weruh Ingsun “, Lan nalika Gustine ngaton marang gunung iku , mangka gunung iku ajur sumyur lan kanjeng nabi Musa tiba semaput. Mula hijab sinandi  antarane kawula lan Gusti iku tetep dibutuhake, krana ora bakal ana menungsa kang sanggup nyawang   Gustine (QS. 7:143, 13:31, 18:109, 31:27). Kabukten Gunung wae ajur mumur, apa maneh gur dayane menungsa.

                Mula hakekate kenal marang Gusti iku luwih minangka nyawijine  kaweruh kang wus manjing dadi rasa lan ciptane menungsa kang linambaran ikhlas krana sadhar ing dununge diri. Muncule kasadharan iku ora krana peksan ananging saka olehe ngawekani atine dhewe. Ya merga olehe pana ing tembung sapa sira lan sapa ingsun, satemah bisa nglungguhake diri ing panggonan kang sak mesthine. Lungguhe diri ing kawitan kang prenah bakal nggampangake laku tumuju palungguhan kang minulya ing pungkasan (QS. 3: 62-63, 22:41). Yaiku lelakone wong kang nempuh dalan suluk kang budhal saka palungguhan kebak dosa (nafsun ‘amarah ) ngumbara ngliwati dalan-dalan spiritual kang rumpil  ngupadi antenge jiwa ( nafsun muthma’inah ), tumuju marang ridlane Gusti ( nafsun Mardliyah ).(QS.89:27-28)
***
               

Wallahu 'alam segala kebaikan milik Allah,

-