Cahya Manther
Madhangi Jagad
Jagade menungsa iku kayadene langit kang
terkadhang peteng kayuban mendhung, terkadhang padhang biru nengsemake.
Ananging petenging ati menungsa iku luwih nggegirisi. Mula Nur utawa cahya dadi
kawigaten kang mirunggan tumrap wong kang ngulati laku spiritual. Iki kanggo
nggampangake pemahaman ing pengenalan hakekate Gusti Allah dhewe. Kaya kapacak
ing ayat : Allah iku pengayomane wong-wong kang iman ; Penjenengane ngluwari dheweke ( wong iman ) saka pepeteng marang cahya. (QS.2:257).
Nur utawa cahya iku kalimah kang ngandhung makna
tinamtu. Kalimah lan makna iku kaya godhong suruh, seje lumah kurepe nek digeget
pada rasane. Mula diarani seje lumah lan kurepe krana lelorone iku pancen beda.
Kalimah iku arupa tembung-tembung kang rinakit, Dene makna iku isi kang
dilantarake tembung ing kepahaman. Dadi tembung iku mung sarana, wong nyatane
ana uga wong kang ora nganggo kalimah kanggo wicara. Contone nganggo ngedhipake
mripat minangka isyarat kanggo komunikasi. Iku uga sarana nglantarake makna
marang kepahaman. Mula makna lan kalimah iku saweneh kang beda wujude.
Terkadhang
sang pamicara kudu milih tembung kang dikenali wong kang di ajak micara.
Pamrihe ben gampang dipahami, jumbuh karo daya tangkep pikire. Senajan mengkono iku luwih
efektif neka-ake kepahaman, ning uga ngandhung resiko mlesete makna. Iku disebabake
krana saka winatese kosa kata, utawa
winatese kemampuan wong sing diajak rembugan. Mula tembung cahya ing ayat iku
wus klebu ungkapan kang den gampangake jumbuh karo alam pikir sing dipahami
dening menungsa. Mesthi wae makna kang kawedhar ya ora cukup dipahami kanthi
prasaja.
Kaya dene tembung cahya,
kang diweruhi menungsa lumrahe cahya iku awujud sinar kang metu saka srengenge,
rembulan, lampu lan sapanunggalane. Ya merga anane cahya mau mripat bisa
nyawang. Dadi umume maknane cahya iku, yaiku
saweneh wewujudan kang bisa gawe pepadhang. Ing oncekane makna cahya ing ayat mau bisa di
gambarake anut pola pikir kang mengkono iku. Kerep Dhawuhe Allah migunaake
tembung kang biasa lan bisa di pahami menungsa.
Mula tembung Nur utawa
cahya ing ndhuwur mbutuhake takwil, tegese ngowahi maknane tembung. Mesthi wae
kudu nganggo alasan gumathok, yen ora mengkono mangka iku jenenge tahrif, utawa nylewengake makna. Lha
umpama maknane tembung Nur ing ayat kang kasebut mau dimaknani apa anane, tegese
dianggep yen cahya iku sinar kang njalari mripat bisa nyawang, mesthi wae malah
ora klebu ing akal. Masa, Allah kok mung
disepadha-ake karo pegawai PLN. Mulane mbutuhake tamsil, artine nyerupa-ake makna. Dadi luwih logis yen dimaknani Gusti
Allah asung pepadhang marang kawulane
supaya ora kesasar lakune ing dalan kang ora karidlan.
Kepriyeo wae Allah
kang luwih pirsa ing urusan jagad kamanungsan, krana Penjenengane kang ndesign, ngrakit lan nguripake menungsa. Mula yen penjenengan pengin
ngothak-athik seluk-beluk kamanungsan, becik yen kudu maca manual book kang wus dikirimake
Allah, lumantar teknisi kang kautus yaiku kanjeng Rasulullah Muhammad saw. Semono uga
ing babagan maknane cahya manther ing jagade menungsa iku.
Mula kaya jagad kang
gumelar iki, jagade menungsa mula ya kapurwaka purwa duksina. Nduweni awal lan nduweni akhir, diana-ake anane lan ana kang ngana-ake. Mokal kalamun
manungsa ana krana anane dhewe. Banjur nggo apa anane menungsa iku ? Sanyatane
pitakon-pitakon kaya mengkono angel batangane, ibarat kaya wong nggoleki dom
bundhel ing panggonan kang peteng ndhedet. Grayah-grayah mlaku tanpa arah, wusana akeh kang kajegur
ing rupa-rupane kasangsayan.
Ing jagad kang peteng
lelimengan mau, satuhune ana pira-pira kahanan kang ora diweruhi menungsa, ya
saka buntune paningal. Mula lumrahe pertingkahe menungsa ya mung anut apa kang
bisa katangkep pancadriyane wae. Kamangka sejatine menungsa iku ing dalem
lelaku ngliwati dalan rumpil kebak bebaya, budhal saka panggonan awwalun tumuju panggonan akhiran. Lelaku mau uga ngliwati ing jagad peteng iki, jagad kang
wus pinesthi wektu lan lakune.
Mula elinga duk ing uni,
leluhur kita Kanjeng nabi Adam, nglakoni dosa gedhe. Nerak wewaler kang njalari
Gusti Allah kepareng ngusir penjengane metu saka swarga. (QS. 2:30-39, 7:10-27,
15:26-42, 20:115-127). Iba gempal penggalihe nabi Adam, kaya wong pesakitan
kang kesia-sia. Nglakoni Luru lara lapa sak wise lungguh kepenak kajen keringan
ing swarga.
Ning kepriye maneh barang wis kelakon. Getun iku
mesthi muncule ing mburine lelakon.
Mangka swarga iku panggonan suci, dadi ya mung maklhuk suci kang wenang
manggoni. Ora pesakitan kaya menungsa, kang saranduning badan lan jiwane kebak rereget dosa kang nggegilani. Mula anak turune Adam supaya
nyuceni diri.
Ikilah
satuhune wosing lakone menungsa, kepriye carane menungsa antuk palilirmaning
Gusti, den pulihake martabate minangka maklhuk minulya ing swarga. Mula
pangulandaraning menungsa ing jagad peteng iku supaya nyuceni diri, ngresiki
dosa-dosa kang wus dilakoni. Sapa-sapa sing kasil nyuceni diri mangka bisa langsung
bali ing swarga ing titi wanci kang wus tinamtu. Dene sapa-sapa sing durung suci
dirine bakal disuceni peksa kelawan dibakar geni kang alad-alad panase ing
neraka. Deni kang letheg ora bisa disuceni ya kang bakal dadi urub-urube neraka
ing salawas-lawase. (QS.2:24, 66:6)
Mangka satuhune Gusti Allah
Iku maha welas asih. Senajan kebak dosa,
letheg budi pakertine, Ning menungsa
isih diparingi pepadhang, ana cahya mather ing atine. Allah uga ora negakake,
ing samangsa-mangsa kahanan mbutuhake tuntunan, Penjenengane tansah paring pepadhang
kelawan Nur Hidayah kang den astho utusan-utusane. Kabeh mau murih slamet,
luwar saka panandang ing jagad kang peteng iki. Malah-malah Allah isih ngutus
malaikat supaya ngawat-awati lakune
menungsa. Mula aja pisan-pisan sujana nduwe prasangka ala. Lamun Allah maringi
ujian mengkono iku mung supaya menungsa bisa nyawang sampurnane keadilane Gusti.
Ning menungsa asring
lirwa, panyawang atine ora bisa ngulati cahya manther iku. Satemah jagade
peteng ndhedet, kaya wong kang kudanan
deres saka langit kang peteng ndhedhet, bledheg
sesamberan lan thathit pating clorot. Dheweke nyumpeti kupinge nganggo driji,
krana bledeg, sebab wedi mati.(QS 2:19) meh-meh wae thathit iku nyamber
panyawange, mangka saben thathit iku nyunari dheweke, dheweke mlaku ing cahya
iku, ning nalika peteng wus nglimput dheweke kandheg lakune.(QS 2:20)
Gambaran kang kaya mengkono mau tuhu
nggegirisi, kaya ngopo panandange wong kang nandang pepeteng. Kamangka ing
atine dhewe wis ana cahya kang mather. Kaya ngapa wujude cahya mather iku ?
Dhawuh dalem Allah wonten surat An-Nur 35 : “Allah cahyaning langit lan bumi. Empere cahyane iku, kaya misykat (
clowokan ) kang ora tembus. Ing njerone ana obor padhang. Obor iku ing njero
kaca yen sinawang kaya lintang kaya barlean, kang den urupake kelawan minyak
saka wit kang akeh barakah-e. Yaiku wit Zaitun, kang uripe ora ana ing sisih
wetan lan uga ora ing sisih kulon. Sing minyake kaya-kaya bisa madhangi senajan
ora disulut geni. Cahya ing atase cahya, Allah mbimbing marang cahya-Ne sapa
kang den kersakake ”
Pancen ya
ana kang nutupi panyawang iku lan ya ana rerupan laknat kang pengin madhamake
cahya mather iku. Mula sing waspada jaganen
kanthi permana, aja nganti mati urupe sak durunge kasil metu saka jagad iki
kanthi slamet.Wallahu 'alam segala kebaikan milik Allah,