Drop Down MenusCSS Drop Down MenuPure CSS Dropdown Menu
pasang iklan

ISRAEL GAWE PANGERAM-ERAM ING WULAN RAMADLAN

Ing wulan ramadlan tahun 1435 H iki, mujudake keprihatinan kanggone Wong Islam. Sedulur kita ing Palestine lagi di bantai dening zionis Israel. Nganti tgl 17 Juli 2014 miturut berita media udakara wong 1200an kang tewas lan ewon liyane catu. Pancen issu pelanggaran HAM asring digunaake Amerika lan negara barat liyane, ning dheweke emoh komentar, apamaneh cawe-cawe ing ababagan iki. Ning wong Islam aja nganti bosen lan lirwa, krana Islam mesthi menang ing pungkasane. Allah wus dhawuh : ” Dan janganlah sekali-kali kamu (Muhammad) mengira, bahwa Allah lalai dari apa yang diperbuat oleh orang-orang yang zalim. Sesungguhnya Allah memberi tangguh kepada mereka sampai hari yang pada waktu itu mata (mereka) terbelalak”  (QS Ibrahim 42)


 Lelakon Israel-Palestina pancen mung lelakone menungsa, ning aja nganti kaum muslimin kemba olehe ndonga . Ing wektu-wektu kang mirunggan ayo padha ndedonga nyuwun kawelasane Gusti Allah.  Krana Nek Pancen Ngersaken sapa Allah, ora angel ngatasi kaum dzalim kaya bangsa Israel. Ing Al-Qur'an kasebut keterangan-keterangan :
1. Wong Yahudi lan wong-wong Musrik pancen ora bakal lila lan ridla karo wong Islam. kaya dahuhe Allah : “Sesungguhnya kamu dapati orang-orang yang paling keras permusuhannya terhadap orang-orang yang beriman ialah orang-orang Yahudi dan orang-orang musyrik”.(Al-Maidah 82).
2.Wong Palestina iku sedulur kita kang kaningaya krana ngrungkepi imane :  : .. (yaitu) orang-orang yang telah diusir dari kampung halaman mereka tanpa alasan yang benar, kecuali karena mereka berkata: “Tuhan kami hanyalah Allah.” (QS Haj 40)
3.Wong Kafir Yahudi pancen wus gawe rekadaya lan strategi kanggo ngancurake Islam : Orang-orang Yahudi dan Nasrani tidak akan senang kepada kamu hingga kamu mengikuti agama mereka (Al Baqoroh 120)
 Ning kaya ngapa wae kahanane aja nganti kembo anggen kita ndedonga

 Wallahu 'alam Allah kang Maha Mirsani

-